32. sarta ngangapake cangkeme lan nguntal wong-wong mau dalah brayate, apadene sagrombolane Korakh kabeh lan sabarang darbeke.
33. Kaya mangkono wong-wong mau urip-uripan padha kacemplung ing jagade wong mati dalah wong sagrombolane kabeh; banjur kasasaban ing bumi, padha tumpes sirna saka ing satengahing pasamuwan.
34. Wong-wong Israel kang ana ing saubenge kabeh padha lumayu ngadoh awit krungu panjerite, awit osiking atine: “Mengko bumi gek padha nguntal kita uga!”
35. Karomaneh ana geni metu saka ing Pangeran Yehuwah kang mangsa wong rong atus seket kang padha nyaosake padupan iku mau.
36. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:
37. “Eleazar anake Imam Harun dhawuhana njupuki padupan saka ing papane geni kang nyalad lan genine kapencarna kang adoh, marga kabeh iku sengkeran,
38. padupane wong kang padha dosa kang wus nombokake nyawane; pada kagemblenga kang tipis kagawea mblongsong misbyah, marga wus disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, mulane kabeh iku wus padha dadi sengkeran; sarta padha dadia pratandha tumrap wong Israel.”