16. Nabi Musa banjur ngandika marang Korakh: “Kowe lan sagrombolanmu kabeh sesuk padha sebaa marang ngarsane Pangeran Yehuwah, iya kowe dalah wong-wong iku sarta Imam Harun.
17. Siji-sijine padha nggawaa padupan lan dokokana dupa, nuli kowe padha nyaosna padupanmu dhewe-dhewe marang ngarsane Sang Yehuwah, padupan rong atus seket iji; mangkono uga kowe lan Imam Harun, nggawaa padupanmu dhewe-dhewe!”
18. Tumuli iya kelakon, siji-sijine nggawa padupane, diwenehi geni lan didokoki dupa, sarta padha ngadeg ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, mangkono uga Nabi Musa lan Imam Harun.
19. Bareng Korakh wus nglumpukake sagrombolane kabeh sarta nglawan panjenengane sakloron ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, cahya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang wong sapasamuwan kabeh.
20. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:
21. “Sira padha sumingkira saka ing tengahe golongan iku, nuli bakal padha Suntumpes ing sakedhap netra.”
22. Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem sarta matur: “Dhuh Gusti, Allah ingkang mengku rohipun sawarnining tumitah. Tiyang satunggal ingkang damel dosa, punapa inggih Paduka lajeng badhe maringi bebendu dhateng pasamuwan punika sadaya?”
23. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
24. “Sira ndhawuhana marang umat iku mangkene: Padha sumingkira saka ing tarube Korakh, Datan lan Abiram.”
25. Nabi Musa banjur jumeneng murugi tarube Datan lan Abiram, kadherekake dening para tuwa-tuwane Israel,
26. tumuli ngandika marang wong saumat kabeh: “Padha sumingkira saka ing tarube wong iki lan aja nganti nggepok apa-apane kang dadi duweke, supaya kowe aja nganti katut katumpes marga saka dosane!”
27. Wong-wong banjur padha sumingkir saka ing saubenge tarube Korakh, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram banjur padha metu ngadeg ana ing lawanging tarube karo somahe, sarta anak-anake gedhe-cilik.