Wilangan 15:15-24 Kitab Sutji (JAV)

15. Kanggo wong sapasamuwan ngamungna ana pranatan siji kanggo sira lan kanggo wong bangsa liya kang neneka, dadia pranatan langgeng kanggo sira kabeh nganti saturun-turunira.

16. Tunggal angger-angger lan tunggal pathokan kang kanggo marang sira kabeh lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”

17. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

18. “Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid,

19. manawa sira padha mangan roti pametune nagara iku, nuli sira padha ngladekna pisungsung mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

20. Sira padha ngladekna saka glepungira kang kawitan arupa roti bunder siji, minangka pisungsung mligi kang saka ing papan panutonira.

21. Glepungira kang wiwitan iku sira olaha kanggo pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, turun-tumurun.”

22. “Anadene manawa sira tanpa kajarag nganti nglirwakake salah sijine pepakon kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Musa,

23. yaiku samubarang kang wus kadhawuhake dening Yehuwah marang sira lumantar Musa, wiwit dinane anggone Sang Yehuwah ndhawuhake lan sabanjure turun-tumurun,

24. saupama bab iku dilakoni tanpa kajarag lan ora nganti kaweruhan ing pasamuwan, nuli wong saumat kabeh olaha sapi lanang nom siji kanggo kurban obaran, kang gandane gawe renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, kanthi kurban dhaharan lan kurban unjukan, miturut tatanan; uga wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa.

Wilangan 15