Wilangan 13:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;

7. saka taler Isakhar: Yigal bin Yusuf;

8. saka taler Efraim: Hosea bin Nun;

9. saka taler Benyamin: Palti bin Rafu;

10. saka taler Zebulon: Gadhiel bin Sodi;

11. saka talere Yusuf, iya talere Manasye: Gadi bin Susi;

12. saka taler Dhan: Amiel bin Gemali;

13. saka taler Asyer: Setur bin Mikhael;

14. saka taler Naftali: Nakhbi bin Wofsi;

15. saka taler Gad: Guel bin Makhi.

16. Iku jenenge wong kang padha kautus dening Nabi Musa nelik marang tanah iku; dene Hosea bin Nun iku diparingi jeneng: Yusak dening Nabi Musa.

17. Anadene Nabi Musa anggone ngutus wong mau nelik tanah Kanaan iku padha diweling mangkene: “Mangkata, saka kene njujuga tanah Negeb, lan padha munggaha ing pagunungan,

18. titipriksanen kaanane nagara iku, mangkono uga bangsa kang ngenggoni, rosa apa ringkih, cacahe sathithik apa akeh;

19. sarta nagara kang dienggoni, becik apa ala; karodene kutha-kuthane kang dienggoni, padha manggon ing tarub apa omah-omah kang santosa,

20. kapriye kaanane tanahe, loh apa cengkar, apa akeh wit-witane apa ora. Padha ditatag lan nggawaa pametune tanah sawatara.” Anadene nalika iku mbeneri mangsa miwiti ngundhuh woh anggur.

21. Wong mau tumuli padha mangkat, nelik tanah iku wiwit saka ing pasamunan Zin tutug ing Rehob, ing dalan kang anjog ing Hamat;

22. kang diliwati dhisik tanah Negeb, banjur tekan ing Hebron; Ahiman, Sesai lan Talmai, turune Enak padha manggon ing kono. Mungguh madege Hebron iku luwih dhisik pitung taun tinimbang Soan ing tanah Mesir.

Wilangan 13