26. tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.
27. Caritane mangkene: “Anggen kula sami panjenengan utus dhateng ing nagari punika inggih sampun kelampahan saged lumebet, mangka sayektos nagari wau luber puwan lan madu, lah punika angsal-angsalipun.
28. Amung kemawon bangsa ingkang ngenggeni nagari punika sami prakosa, saha kitha-kithanipun kiyat santosa saha langkung dening ageng, punapa malih wonten ing ngriku kula inggih sami sumerep turunipun Enak.