24. Panggonan mau kaaranan lebak Eskol, marga saka dhompolan woh anggur kang dikethok dening wong Israel ana ing kono.
25. Sawuse patang puluh dina anggone nelik tanah iku banjur padha bali,
26. tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.
27. Caritane mangkene: “Anggen kula sami panjenengan utus dhateng ing nagari punika inggih sampun kelampahan saged lumebet, mangka sayektos nagari wau luber puwan lan madu, lah punika angsal-angsalipun.