Wilangan 13:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. saka taler Asyer: Setur bin Mikhael;

14. saka taler Naftali: Nakhbi bin Wofsi;

15. saka taler Gad: Guel bin Makhi.

16. Iku jenenge wong kang padha kautus dening Nabi Musa nelik marang tanah iku; dene Hosea bin Nun iku diparingi jeneng: Yusak dening Nabi Musa.

17. Anadene Nabi Musa anggone ngutus wong mau nelik tanah Kanaan iku padha diweling mangkene: “Mangkata, saka kene njujuga tanah Negeb, lan padha munggaha ing pagunungan,

18. titipriksanen kaanane nagara iku, mangkono uga bangsa kang ngenggoni, rosa apa ringkih, cacahe sathithik apa akeh;

19. sarta nagara kang dienggoni, becik apa ala; karodene kutha-kuthane kang dienggoni, padha manggon ing tarub apa omah-omah kang santosa,

20. kapriye kaanane tanahe, loh apa cengkar, apa akeh wit-witane apa ora. Padha ditatag lan nggawaa pametune tanah sawatara.” Anadene nalika iku mbeneri mangsa miwiti ngundhuh woh anggur.

Wilangan 13