1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:
2. “Sira nglakokna wong sawatara kang nelik marang tanah Kanaan, kang bakal Sunparingake marang wong Israel; saben talering leluhure kapiliha wong siji, padha panunggalane para pemimpin.”
3. Nabi Musa banjur ngirimake wong kang bakal padha nelik mau saka ing pasamunan Paran, miturut dhawuhe Sang Yehuwah, kabeh iku pemimpine wong Israel.
4. Dene pratelane jeneng-jenenge yaiku: Saka taler Ruben: Syamua bin Zakur;