Wahyu 8:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sang Cempe iku nglethek segel kang kapitu, ing swarga banjur sidhem premanem watara satengah jam suwene.

2. Tumuli aku weruh malaekat pitu kang ngadhep ana ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu.

3. Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.

Wahyu 8