9. Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”
10. Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”
11. Aku banjur weruh swarga menga: lah, ana sawijining jaran putih; dene asmane kang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.” Panjenengane ngadili lan merangi kalawan adil.
12. Tingale kaya urubing geni lan mustakane ngagem makutha akeh, sarta Panjenengane ngagem ciri seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung sarirane piyambak.
13. Pangagemane rasukan jubah kang wus kacelup ing getih, sarta asmane kasebut: “Sabdaning Allah.”
14. Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.
15. Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.
16. Anadene jubahe, lan wentise tinulisan asma: “Ratune para ratu lan Gustine para gusti.”
17. Aku tumuli weruh malaekat jumeneng ana ing srengenge, sarta nguwuh kalawan swara sora marang sakehe manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhe: “Mrenea, padha nglumpuka ing bujanane Gusti Allah, bujana kang gedhe,