Wahyu 19:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono aku krungu swara sora kaya swarane wong golongan gedhe ana ing swarga, pangucape:“Haleluya!Karahayon lan kamulyan sarta panguwaos punika wonten ing Allah kita,

2. awitdene leres lan patitis pangadilanipun,amargi Panjenenganipun ingkang sampun ngadili wanita tunasusila ageng,ingkang ngrisak bumi srana lampahipun jina;sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahipun para abdinipun dhateng wanita punika.”

3. Tumuli padha ngucap kang kaping pindhone:“Haleluya!Wondene peganipun punika kumelun langgeng salami-laminipun.”

4. Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk:“Amin, Haleluya!”

5. Tumuli keprungu swara saka ing dhampar:“Padha saosa puji marang Allah kita,he para abdi kabeh,sira kang padha wedi-asih marang Panjenengane,kang cilik lan kang gedhe!”

Wahyu 19