7. patrapana panyiksa lan kaprihatinan,kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten.Sabab osiking atine mangkene:Aku lungguh ing dhampar kaya ratu,aku dudu randha,lan aku ora bakal tau prihatin.
8. Mulane bakal katekanan sakehe wewelake bareng sadina,yaiku pageblug lan prihatin tuwin pailan;sarta bakal kaobong ing geni,awit Pangeran Allah, kang ngadili iku santosa.”
9. Anadene para raja ing bumi, kang padha laku bedhang lan olah kamukten karo dheweke, iku bakal padha nangisi lan nggrantesake samangsa padha ndeleng pegane geni kang ngobong.
10. Para raja mau bakal padha ngadeg ngedohi, awit saka wedine marang panyiksane lan bakal ngucap:“Cilaka, cilaka kowe, he kutha gedhe Babil, he kutha kang santosa, dene paukumanmu wus tumindak mung ing sajrone sajam!”
11. Para sudagar ing bumi padha nangisi lan sesambat, marga wus ora ana kang tuku dagangane,
12. yaiku dagangan arupa mas lan salaka, sesotya lan mutyara, mori alus lan jarit wungu sutra lan kain jingga, barang warna-warna saka kayu wangi, dandanan saka gadhing warna-warna, lan rupa-rupa dandanan kayu kang larang, saka tembaga, wesi sarta saka marmer.