13. Manis jangan, bumbu-bumbu, lenga wangi lan menyan, anggur lan lenga, glepung alus lan gandum, sapi lan wedhus, jaran lan kreta, apadene malah abdi lan nyawane wong.
14. Lan iku kabeh bakal padha ngucap:“Wowohan-wowohan kang dadi pepenginane atimu iku wus ilang,lan samubarang kang mewah lan endah iku wus sirna, lan ora bakal katemu maneh.”
15. Para kang daging barang-barang iku mau, kang wus dadi sugih saka kutha iku, bakal padha ngadeg ana ing kadohan awit saka wedine marang anggone kasiksa, sarta padha nangis lan sesambat,
16. pangucape:“Cilaka, cilaka kutha gedhe,kang manganggo mori alus tuwin jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas lan sesotya tuwin mutyara iku, dene sajrone sajam bae kasugihan kang samono iku wus rusak.”
17. Karodene sakehing jurumudhi lan para kang lelayaran, tuwin para mantrus lan sakehe wong kang panguripane ana ing sagara, padha ngedoh,
18. lan padha weruh pegane geni kang ngobong, banjur nguwuh-uwuh, pangucape: “Endi kutha kang madhani kutha gedhe iki?”