Wahyu 16:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene:“Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos,leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”

8. Malaekat kang kapat nyuntak bokore menyang ing srengenge, lan iku tumuli kaparingan panguwasa mbrangas wong kalawan geni.

9. Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.

10. Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,

11. lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.

12. Malaekat kang kanem nyuntak bokore menyang ing bengawan Efrat, banjur tumuli asat, temah wus cumawis dalane para ratu kang rawuh saka ing bang wetan.

13. Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.

Wahyu 16