Wahyu 16:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Aku banjur krungu malaekat kang nguwaosi banyu iku munjuk:“Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.

6. Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”

7. Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene:“Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos,leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”

8. Malaekat kang kapat nyuntak bokore menyang ing srengenge, lan iku tumuli kaparingan panguwasa mbrangas wong kalawan geni.

9. Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.

10. Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,

11. lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.

12. Malaekat kang kanem nyuntak bokore menyang ing bengawan Efrat, banjur tumuli asat, temah wus cumawis dalane para ratu kang rawuh saka ing bang wetan.

13. Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.

14. Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.

15. “Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”

16. Anadene anggone nglumpukake iku mau ana ing pangonan, kang ing basa ibrani aran Harmagedhon.

17. Malaekat kang kapitu nyuntak bokore menyang ing awang-awang. Saka ing padaleman Suci banjur kaprungu swara seru saka ing dhampar iku, pangandikane: “Wus kalakon.”

Wahyu 16