19. Temah kutha kang gedhe iku pecah dadi telu lan kutha-kuthane para bangsa kang padha ora wanuh marang Gusti Allah padha jugrug. Gusti Allah banjur kengetan marang Babil kang gedhe iku nuli kaparingan tuwung kang kebak isi anggur bebenduning dukane Gusti Allah.
20. Sakehe pulo banjur padha musna, lan gunung-gunung wis padha ora katemu maneh.
21. Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.