Wahyu 12:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi.Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.

5. Sang wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengen para bangsa kalawan lantaran wesi; dumadakan Sang Putra mau karebut lan diplayokake menyang ing ngarsaning Allah lan ing dhampare.

6. Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.

7. Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang Mikhael lan para malaekate padha perang nglawan naga mau, sarta si naga iku kabantu dening para malaekate,

8. nanging padha ora kuwat nanggulangi; temah padha ora oleh papan maneh ana ing swarga.

9. Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.

Wahyu 12