1. Aku tumuli kaparingan glagah, kaya teken ukuran, kanthi dhawuh mangkene: “Mara sira ngadega lan ukuren Padalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalah para kang sujud ana ing kono iku.
2. Mung platarane sajabane Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wus kapasrahake marang para bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawase patang puluh loro sasi.
3. Anadene seksiningSun loro bakal Sundhawuhi medhar wangsit lawase sewu rong atus sawidak dina kalawan manganggo bagor.”
4. Yaiku wit jaitun loro lan padamaran loro kang ana ing pangayunane Allahe alam donya.
5. Dene manawa ana wong kang arep milara, bakal ana geni metu saka ing cangkeme mangsa marang satrune. Lan manawa ana wong kang arep milara, mesthi kapatenan kanthi patrap mangkono.