Wahyu 10:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.

2. Astane nyepeng gulungan kitab cilik wudharan. Sampeyane kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan.

3. Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.

4. Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”

5. Malaekat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astane tengen marang langit,

6. sarta banjur supaos demi Panjenengane kang gesang langgeng salawas-lawase, kang wus nitahake langit saisine, lan bumi saisine, tuwin sagara saisine: “Ora bakal kaundur maneh!

Wahyu 10