11. Nanging Naomi calathu: “Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, perlune apa kowe padha melu aku? Aku rak wis ora bakal duwe anak lanang maneh, kang lair saka guwa-garbaku lan banjur dadi bojomu?
12. Padha muliha bae, dhuh anak-anakku, wis padha mangkata, aku rak wis ketuwan kanggo omah-omah. Saupama aku mosika: aku isih duwe pangarep-arep, malah sanadyan mengko bengi aku duwe bojo,
13. lan nganti nglairake anak lanang pisan, apa iya kena kok enteni nganti tumeka ing diwasane? Apa iya marga saka iku kowe nahan-nahanake padha ora omah-omah? Aja kaya mangkono ta, dhuh anak-anakku! Kang dakrasakake iki rak luwih pait banget katimbang karo kowe, dene astane Sang Yehuwah nganti tumempuh marang aku kaya mangkene.”