Rum 8:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. supaya ukume angger-angger katetepana ana ing kita, kang padha ora lumaku nuruti daging, nanging manut marang Sang Roh.

5. Sabab wong kang uripe kawengku ing daging, iku padha ngangen-angen kang mungguh ing daging; nanging wong kang uripe manut ing Sang Roh, pangangen-angene miturut Sang Roh.

6. Awitdene pangangen-angene daging iku pati, balik pangangen-angene Sang Roh iku urip lan tentrem-rahayu.

7. Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Gusti Allah, awit ora sumuyud marang angger-anggere Gusti Allah, amarga pancen iya ora bisa.

8. Wong kang uripe kawengku ing daging iku ora bisa ndadekake keparenge Gusti Allah.

9. Balik kowe iku padha ora kawengku ing daging, nanging padha ana ing Sang Roh, semono iku manawa Rohing Allah pancen dedalem ana ing kowe. Nanging sing sapa ora kadunungan Rohe Sang Kristus, iku dudu kagungane Sang Kristus.

Rum 8