19. Bab iki dakpituturake cara manungsa awit saka karingkihanmu. Sabab kayadene kowe wus masrahake gegelitaning badanmu dadi baturing rereged lan duraka tumuju marang duraka, mangkono uga kowe saiki kudu masrahake gegelitaning badanmu dadi abdining kabeneran kang tumuju ing kasucen.
20. Sabab nalika kowe padha dadi kawulaning dosa, kowe padha ora kawengku ing kabeneran.
21. Lan apa oleh-olehanmu? Kabeh iku njalari kowe saiki banjur padha rumangsa isin amarga wekasane iku pati.
22. Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.
23. Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.