Rum 5:19-21 Kitab Sutji (JAV)

19. Dadi padha kaya pambangkange wong siji mau njalari wong kabeh dadi wong dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turute wong siji kabeh wong banjur padha dadi wong kang bener.

20. Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,

21. supaya padha kaya si dosa wus nguwasani ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal masesa marga saka kabeneran kang njalari urip langgeng, marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

Rum 5