Rum 16:19-24 Kitab Sutji (JAV)

19. Pawarta bab kasetyanmu wis keprungu ing wong akeh. Mulane aku bungah banget ing ngatase kowe. Nanging karepku, kowe padha pintera tumrap apa bae kang becik sarta kalis ing sarupaning piala.

20. Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.

21. Salam marang kowe kabeh saka Timoteus, kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius, Yason apadene Sosipater, para kancaku tunggal bangsa.(

22. Kula Tertius ingkang damel serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.)

23. Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita.(

24. Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anunggila ing kowe kabeh! Amin.)

Rum 16