Rum 16:12-15 Kitab Sutji (JAV)

12. Salam marang Trifena lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggone leladi kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus akeh banget anggone leladi kagem Gusti.

13. Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibune kang tumraping aku uga dadi ibuku.

14. Salam marang Asinkritus, Flegon, Hermes, Patrobas, Hermas sarta para sadulur kang padha tetunggalan ing kono.

15. Salam marang Filologus lan Yulia, Nereus sarta sadulure wadon, lan Olimpas, apadene sakehe para suci kang padha tetunggalan ing kono.

Rum 16