Rum 16:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,

2. supaya koktampani ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh, klebu aku dhewe.

3. Salam marang Priska lan Akwila, para kanca tunggal ayahan ana ing Sang Kristus Yesus.

4. Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.

5. Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahe. Salam marang Epenetus, sadulur kang daktresnani, kang dadi wiwitaning wong kang manjing ing patunggilane Sang Kristus ing tanah Asia.

6. Salam marang Maria, kang wis akeh anggone nglakoni kangelan kanggo kowe kabeh.

7. Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng lan aku, klebu wong kang kajen ana ing antarane para rasul, sarta kang anggone dadi Kristen sadurunge aku.

Rum 16