7. Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.
8. Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,
9. sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose:“Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa,saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”
10. Lan sateruse mangkene:“He para bangsa, padha bungah-bungaha bareng karo umate.”
11. Lan maneh,“He para bangsa, padha saosa puji marang Pangeran,sarta sakehe suku bangsa cikben memuji marang Panjenengane.”
12. Sarta sabanjure pangandikane Nabi Yesaya,“Bakal ana sogol thukul saka tunggake Isai,kang bakal jumeneng ngereh para bangsa,sarta iya Panjenengane iku kang bakal dadi pangarep-arepe para bangsa.”
13. Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.
14. Para sadulur, aku dhewe pancen yakin mungguhing kowe, yen kowe wus padha sugih kabecikan, mumpuni ing kawruh, sarta uga wis padha keconggah eling-ingelingake.
15. Ewadene marga saka sih-rahmat peparinge Gusti Allah marang aku, ana ing layang iki ing kana kene aku rada wani aweh pepeling marang kowe kabeh,
16. yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.
17. Dadi aku bisa nglairake panggunggung ana ing patunggilane Sang Kristus tumrap prajanjianku ana ing ngarsaning Allah.
18. Awit aku ora bakal kumawani nyritakake bab liyane, kajaba samubarang kang wus katindakake dening Sang Kristus lumantar aku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pitutur sarta panggawe,
19. marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.
20. Lan sajrone ngabarake iku mau kang dakanggep dadi utamaning lakuku iku, yaiku manawa anggonku martakake ora ana ing panggonan-panggonan kang Asmane Sang Kristus wus disumurupi ing wong, supaya anggonku mbangun iku aja nganti ana ing tetales gaweaning wong liya,
21. nanging larasa karo kang katulisan, wiraose:“Wong kang padha durung kawartanan bab Panjenengane,bakal padha ndeleng Panjenengane,sarta kang padha durung krungu wartanebakal padha mangreti.”
22. Yaiku kang njalari aku tansah kepalang anggonku arep nemoni kowe kabeh.