1. Anadene kita kang padha santosa, wajib nyabari karingkihaning wong kang ora santosa, lan aja ngupaya kasenengan kita dhewe.
2. Siji-sijine panunggalan kita, nglegakna atine sapadha-padha, murih becike supaya kabangun.
3. Awit Sang Kristus uga ora ngupaya keparenge piyambak, nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nenacad Paduka, dhumawah dhateng kawula.”
4. Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.
5. Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,
6. satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.
7. Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.
8. Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,
9. sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose:“Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa,saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”