Rum 13:9-14 Kitab Sutji (JAV)

9. Awit pangandika: aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja melik, sarta sadhengaha pangandika liyane iku wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku: Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe!

10. Tresna iku ora nandukake piala marang sapadha-padha, mulane katresnan iku katetepane angger-anggering Toret.

11. Prakara iki kudu koktindakake, awit padha sumurup kaanane wektu saiki, yaiku yen wis wancine kowe padha tangi. Sabab saiki karahayon wus luwih cedhak tumrap kita, katimbang karo nalikane kita lagi padha manjing pracaya.

12. Iki wus lingsir wengi, wus meh raina. Mulane payo kita padha ngrucat sakehing pratingkahing pepeteng, lan padha asikep gegamaning pepadhang!

13. Payo kita padha lumaku kang patut, kang sembada kalawan raina, aja padha nguja memangan sarta endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja tukar padu lan kumeren.

14. Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.

Rum 13