11. Awit aku kapengin ketemu kowe, prelu ngwenehi ganjaran kasukman, murih undhaking kasantosanmu,
12. yaiku, supaya aku ana ing antaramu melu kalipur dening pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.
13. Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, -- nanging nganti saprene tansah ana alangan --.
14. Aku kapotangan kabecikan marang wong Yunani, mangkono uga marang wong saliyane Yunani, wong wasis lan wong bodho.
15. Yaiku kang njalari aku uga kapengin ngabarake Injil marang kowe kang padha manggon ing kutha Rum.
16. Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.
17. Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya.”