Purwaning Dumadi 9:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Gusti Allah tumuli mberkahi marang Rama Nuh lan marang para putrane, sarta padha kapangandikanan mangkene: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana bumi.

2. Sarupane sato-kewan ing bumi lan sarupane manuk ing awang-awang iku bakal padha wedi lan giris marang sira; iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi, dalah sarupane iwak ing sagara iku padha sira kuwasanana.

3. Sadhengah kang mobah-mosik kang urip iku dadia panganira. Iku kabeh wus Sunparingake marang sira; mangkono uga tetuwuhan kang ijo;

4. mung daging kang isih ana nyawane, iya iku getihe, iku aja sira pangan.

5. Nanging tumrap getihira dhewe, yaiku nyawanira iku mesthi Sunpundhut pulihe; tumrap sadhengaha kewan iya Sunpundhut pulihe, mangkono uga saka tangane manungsa, iya saka siji-sijining wong anggoningSun bakal mundhut pulihe nyawane manungsa.

Purwaning Dumadi 9