Purwaning Dumadi 8:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.

10. Nuli ngentosi pitung dina engkas, darane banjur dieculake maneh saka ing prau.

11. Barang wayah sore dara mau bali karo nggondhol godhong jaitun kang isih seger ana ing cucuke; dadine Rama Nuh mirsa yen banyune wis meh asat saka ing bumi.

12. Sawuse iku ngentosi maneh pitung dina, darane tumuli dieculake, nanging wus ora bali marang ing ngarsane Rama Nuh maneh.

13. Nalika yuswane Rama Nuh ganep nem atus siji taun, ing sasi kapisan tanggal sapisan, banyune wis larud saka ing bumi. Rama Nuh banjur mbikak payone prau, sarta mirsa yen lumahe bumi wus asat.

14. Lan nalika sasi kapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.

15. Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh, dhawuhe:

16. “Sira metua saka ing prau, sira dalah somahira, anakira lan somahe anakira.

17. Mangkono uga sarupane sato-kewan kang melu sira, kabeh kang urip dadia bangsane manuk, bangsane kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang nlosor lan kang gumremet ana ing bumi, iku padha sira wetokna bebarengan karo sira; kareben padha ngambra-ambra ana ing bumi lan bebranahan, tangkar-tumangkar ana ing bumi.”

18. Rama Nuh banjur miyos dalah para putrane, garwane lan garwane para putrane,

19. apadene sarupane buron alas, kewan kang nlosor lan gumremet, sarta sakehing manuk, iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi mawa-mawa jinise, kabeh padha metu saka ing prau.

20. Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.

21. Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.

22. Salawase bumi ana, mesthi bakal ora kendhat mangsane nyebar lan panen, mangsa atis lan panas, ketiga lan rendheng, rina lan wengi.”

Purwaning Dumadi 8