2. Karodene umbuling samodra-raya lang cendhelaning langit padha ditutup, sarta udan deres saka ing langit banjur terang,
3. temahan banyune saka sathithik larud saka ing bumi, dadine saya angok sawuse antara satus seket dina mau.
4. Nalika sasi kapitu tanggal kaping pitulas, praune kandhas ana ing pagunungan Ararat.
5. Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.
6. Kacarita bareng wus kelakon patang puluh dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaning prau yasane,
7. sarta nguculake manuk gagak, iku mabur bola-bali nganti tekan asate banyu saka ing bumi.
8. Sawuse mangkono banjur ngeculake manuk dara, karsane ngyektosi apa banyune wus surud saka ing lumahing bumi,
9. nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.
10. Nuli ngentosi pitung dina engkas, darane banjur dieculake maneh saka ing prau.
11. Barang wayah sore dara mau bali karo nggondhol godhong jaitun kang isih seger ana ing cucuke; dadine Rama Nuh mirsa yen banyune wis meh asat saka ing bumi.
12. Sawuse iku ngentosi maneh pitung dina, darane tumuli dieculake, nanging wus ora bali marang ing ngarsane Rama Nuh maneh.
13. Nalika yuswane Rama Nuh ganep nem atus siji taun, ing sasi kapisan tanggal sapisan, banyune wis larud saka ing bumi. Rama Nuh banjur mbikak payone prau, sarta mirsa yen lumahe bumi wus asat.
14. Lan nalika sasi kapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.