1. Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.
2. Karodene umbuling samodra-raya lang cendhelaning langit padha ditutup, sarta udan deres saka ing langit banjur terang,
3. temahan banyune saka sathithik larud saka ing bumi, dadine saya angok sawuse antara satus seket dina mau.
4. Nalika sasi kapitu tanggal kaping pitulas, praune kandhas ana ing pagunungan Ararat.
5. Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.