Purwaning Dumadi 7:19-22 Kitab Sutji (JAV)

19. Wasana undhake banyune luwih dening banget mratani salumahing bumi, nganti kelakon nutupi gunung-gunung kang dhuwur-dhuwur ing sangisore langit.

20. Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,

21. lan sarupane titah kang mobah-mosik ana ing bumi padha mati kabeh: bangsaning manuk, kewan ingon-ingon, buron alas, sarupane kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang kumroyok ana ing bumi, dalah sakehe manungsa padha mati.

22. Sadhengah kang mawa ambekaning nyawa urip ing bolonganing irunge, sapira kang ana ing dharatan, iku pada mati kabeh.

Purwaning Dumadi 7