Purwaning Dumadi 6:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwe anak wadon,

2. para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.

3. Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”

Purwaning Dumadi 6