1. Sang Yusuf tumuli nyungkemi wadanane kang rama karo muwuni lan ngarasi.
2. Lan banjur dhawuh marang para abdine dhukun-dhukun, ndikakake njebadi layone kang rama; para dhukun mau iya tumuli njebadi layone Rama Israel.
3. Prakara iku rampunge nganti patang puluh dina, awit iya mesthi samono suwene wong njebadi layon iku, lan wong Mesir anggone nata patangisan nganti pitung puluh dina lawase.