11. Dadi gunggunge umure Enos sangang atus lima taun, banjur ngajal.
12. Nalika Kenan umur pitung puluh taun, duwe anak Mahalaleel.
13. Sawuse anak-anak Mahalaleel, Kenan isih diganjar umur maneh wolung atus patang puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
14. Dadi gunggunge umure Kenan sangang atus sepuluh taun, banjur ngajal.
15. Nalika Mahalaleel umur sawidak lima taun, duwe anak Yared.
16. Sawuse anak-anak Yared, Mahalaleel isih ginanjar umur maneh wolung atus telung puluh taun sarta duwe anak lanang lan wadon.
17. Dadi gunggunge umure Mahalaleel wolung atus sangang puluh lima taun, banjur ngajal.
18. Nalika Yared umur satus sawidak loro taun, duwe anak Henokh.
19. Sawuse anak-anak Henokh, Yared isih diganjar umur maneh wolung atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
20. Dadi gunggunge umure Yared sangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal.
21. Nalika Henokh umur sawidak lima taun, banjur duwe anak Metusalakh.
22. Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.
23. Dadi gunggunge umure Henokh telung atus sawidak lima taun.
24. Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung dening Gusti Allah.