Purwaning Dumadi 49:17-21 Kitab Sutji (JAV)

17. Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan,kaya ula bedhudhak ana ing lurungkang nyakot tungkake jaran,nganti sing nunggang tiba kegeblag.

18. Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.

19. Gad iku bakal ditempuh dening grombolan,nanging bakal genti nempuh tungkake.

20. Mungguh Asyer iku pangane bakal mubra-mubru,malah bakal leladi dhaharane raja-raja.

21. Naftali iku kaya menjangan wadon umbaran,iku bakal nglairake tetembungan kang manis-manis.

Purwaning Dumadi 49