Purwaning Dumadi 48:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.

11. Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Aku ora nyana yen bakal bisa ndeleng kowe maneh, nanging saiki Gusti Allah malah marengake aku ndeleng turunmu uga.”

12. Sang Yusuf banjur ngundurake putrane saka ing antarane jengkune kang rama, banjur tumungkul sungkem ing bumi.

13. Nuli putra sakarone padha diasta dening Sang Yusuf, Efraim ing asta tengen, madhep ing sisih kiwane kang rama, lan asta kiwa ngasta Manasye, kaprenah ing tengene kang rama, banjur dicedhakake ing ngarsane.

14. Nanging Rama Israel anggone ngulungake astane tengen ditumpangake ing sirahe Efraim, sanadyan iku kang nom, lan astane kiwa ing sirahe Manasye, dadi anggone numpangake astane kagawe trajangan, mangka Manasye iku kang pembajeng.

15. Tumuli mberkahi marang Sang Yusuf:“Eyangku lan ramaku, Eyang Abraham lan Rama Iskak,tansah ngabekti marang Gusti Allah.Iya Gusti Allah iku kang dadi pangenkusajegku urip tekan saiki.

16. Sang Malaekat kang wusnguwalake aku saka sarupaning bebaya,muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki,supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku,iya Eyang Abraham lan Rama Iskakdadi misuwur marga saka bocah-bocah iki,sarta padha ngambra-ambranganti dadi akeh banget ana ing bumi.”

17. Bareng Sang Yusuf mirsa yen kang rama anggone numpangake astane tengen ana ing sirahe Efraim, iku kawawas kurang prayoga, mulane nyepeng astane kang ramane, arep dielih saka sirahe Efraim menyang sirahe Manasye.

Purwaning Dumadi 48