Purwaning Dumadi 48:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita sawuse lelakon iku mau Sang Yusuf kaaturan uninga: “Rama dalem gerah!” Sang Yusuf tumuli ngajak putrane loro, Manasye lan Efraim.

2. Bareng Rama Yakub diaturi uninga: “Lah punika ingkang putra Sang Yusuf rawuh martuwi panjenengan.” Rama Israel tumuli ngiyat-ngiyatake sarirane lan lenggah ana ing pasareane.

3. Rama Yakub banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Gusti Allah Kang Mahakawasa, wus ngatingali aku ana ing Lus ing tanah Kanaan lan mberkahi aku,

4. sarta aku dipangandikani: Lah sira bakal Sundadekake bebranahan lan tangkar-tumangkar, sarta Sundadekake gegolonganing bangsa. Apadene turunira bakal Sunparingi tanah iki dadi ebeke ing salawas-lawase.

5. Kang iku anakmu loro kang laire patutan karo kowe ana ing tanah Mesir, sadurunge aku teka mrene, iku padha dadia anakku; Efraim lan Manasye dadia anakku padha kaya Ruben lan Simeon.

Purwaning Dumadi 48