Purwaning Dumadi 48:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita sawuse lelakon iku mau Sang Yusuf kaaturan uninga: “Rama dalem gerah!” Sang Yusuf tumuli ngajak putrane loro, Manasye lan Efraim.

2. Bareng Rama Yakub diaturi uninga: “Lah punika ingkang putra Sang Yusuf rawuh martuwi panjenengan.” Rama Israel tumuli ngiyat-ngiyatake sarirane lan lenggah ana ing pasareane.

Purwaning Dumadi 48