7. Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsane Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon.
8. Pandangune Sang Prabu Pringon marang Rama Yakub: “Sampeyan sampun umur pinten taun?”
9. Unjuke Rama Yakub marang Sang Prabu Pringon: “Etanging taun-taun anggen kawula nglembara dados tiyang neneka punika satus tigang dasa taun. Cacahing taunipun gesang kawula namung sakedhik, nanging kathah karibedanipun; boten saged nututi umuripun para leluhur kawula ing nalikanipun sami nglembara dados tiyang neneka.”
10. Rama Yakub tumuli nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon; sawuse iku banjur mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon.
11. Sang Yusuf tumuli mrenahake pamanggone kang rama lan sadulur-sadulure, padha diedumi wewenang nduweni bumi ana ing kono, kaya kang kadhawuhake dening Sang Prabu Pringon.
12. Karodene Sang Yusuf nyekapi panggesangane kang rama, sadherek-sadhereke lan sabrayate kang rama, miturut cacahe anak-anake.
13. Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailane luwih dening abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentere lan lemes dening pailan mau.