Purwaning Dumadi 47:20-31 Kitab Sutji (JAV)

20. Sang Yusuf banjur mundhut kabeh tanahe wong Mesir dadi kagungane Sang Prabu Pringon, awitdene siji-sijine wong Mesir padha ngedol pategalane marga saka bangeting pailan kang dialami. Kaya mangkono satanah kabeh dadi kagungane Sang Prabu Pringon.

21. Dene mungguh rakyate iku padha dimagawekake wiwit saka wates sisih kene nganti tekan wates sisih kana.

22. Mung bumi darbeke para imam iku ora dipundhut, marga para imam iku padha tampa cadhong tetep saka Sang Prabu Pringon, sarta anggone padha mangan saka peparinge Sang Prabu Pringon iku, mulane padha ora ngedol palemahane.

23. Sang Yusuf tumuli ngandika marang rakyat mau: “Lah wiwit dina iki kowe dalah palemahanmu wus daktuku dadi kagungane Sang Prabu Pringon. Enya, iki winih, supaya kowe bisa nyebari lemah iku.

24. Dene mungguh pametune iku: sapralimane ladekna marang Sang Prabu Pringon, dene kang patang pralimane iku dadia pandumanmu kanggo winih lan kanggo panganmu lan brayatmu apadene anak-anakmu.”

25. Ature wong akeh iku: “Panjenengan dalem ingkang mitulungi gesang kawula, uger kawula sami manggih sih wonten ing ngarsanipun gusti kawula, kawula badhe nglampahi dados abdinipun Sang Prabu Pringon.”

26. Mangkono dadine pranatan iku ditetepake dening Sang Yusuf dadi undhang-undhang kang lestari nganti saprene tumrap bumine wong Mesir, yaiku sapralimane pametune iku dadi kagungane Sang Pringon, mung palemahane para imam ora dadi kagungane Sang Prabu Pringon.

27. Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget.

28. Rama Yakub ana ing tanah Mesir isih kaparingan yuswa pitulas taun.

29. Nalika Rama Israel wus ngarapake seda, banjur nimbali kang putra Sang Yusuf, lan dipangandikani: “Manawa aku oleh sihmu, bok tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku, sarta sumpaha, yen bakal nandukake katresnan lan kasetyan marang aku, yaiku: Aku aja kokkubur ana ing tanah Mesir!

30. Aku kepengin ana ing palereman amor karo para leluhurku. Kang iku aku gawanen metu saka ing tanah Mesir lan kuburen ana ing pasareane.” Ature Sang Yusuf: “Kula badhe ngestokaken sadhawuhipun rama.”

31. Pangandikane Rama Yakub: “Kowe sumpaha!” Sang Yusuf banjur supaos ana ing ngarsane. Rama Israel banjur sujud madhep ing pasareane kang sisih dhuwur.

Purwaning Dumadi 47