13. Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailane luwih dening abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentere lan lemes dening pailan mau.
14. Sang Yusuf nuli nglempakake dhuwit kang ketemu ana ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan, yaiku dhuwit patukone gandum; dene dhuwit-dhuwite mau digawa mlebu menyang ing kratone Sang Prabu Pringon.
15. Bareng ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan wus ora ana dhuwit, wong-wong Mesir padha seba marang ing ngarsane Sang Yusuf sarta matur: “Kawula mugi panjenengan dalem paringi tedha, punapa kawula kedah pejah wonten ngarsa dalem ngriki? Margi sampun sami boten gadhah arta malih.”
16. Paring wangsulane sang Yusuf: “Manawa wus padha ora duwe dhuwit, raja-kayamu aturna, kowe bakal dakwenehi pangan, minangka ijole raja-kayamu.”
17. Raja-kayane banjur padha diaturake marang Sang Yusuf. Sang Yusuf tumuli maringi pangan minangka ijole jaran, pepanthan wedhus, pepanthan sapi apadene kuldi; dadi setaun iku wong-wong mau padha dicukupi pangane minangka ijole raja-kayane.