5. Nanging manawi rama boten marengaken tumut, kula sadaya inggih boten badhe bidhal, margi priyantun ageng wau dhawuhipun dhateng kula: Poma kowe aja nganti mrene maneh, manawa adhimu ora kokajak bareng.”
6. Rama Israel banjur ngandika: “Yagene kowe nganti padha gawe susahing atiku, ndadak ngandharake marang panggedhe mau, yen kowe isih padha duwe adhi maneh?”
7. Ature para putra: “Priyagung punika ndhedhes-ndhedhes dhateng kula sadaya tumrap kula piyambak-piyambak dalah ahli waris kula, pandangunipun: Apa bapakmu isih urip? Apa kowe isih duwe adhi? Kula lajeng sami ngaturi wangsulan ing saleresipun. Mila ngertos kula saking pundi, bilih badhe wonten dhawuh: Adhimu iku gawanen mrene!”
8. Yehuda banjur matur marang Rama Israel, kang rama: “Lare punika mugi dipun parengna pangkat sareng kaliyan kula, tumunten sami badhe tata-tata tuwin enggal pangkat, supados kula sami lestantun gesang, sampun ngantos sami ngalami pejah, inggih kula, inggih rama, samanten ugi anak-anak kula.
9. Kula ingkang nanggel pun adhi, rama mundhuta saking kula, manawi ngantos boten kula aturaken dhateng rama, saha kula papanaken wonten ngarsanipun rama; kula ingkang nandhang dosa dhateng rama ing salaminipun.
10. Manawi kita boten rendhet makaten, mesthi sampun sami wangsul kaping kalih.”
11. Ing kono pangandikane kang rama marang para putra: “Iya wis ta, manawa mangkono, kowe padha nglakonana mangkene: Goleka pametune tanah kene kang becik dhewe, wadhahana ing bagormu, gawenen atur-atur marang panggedhe Mesir mau, kayata: Rasamala sathithik, anggi-anggi lan blendok lod, kemiri lan woh saked.
12. Lan nggawaa dhuwit tikel, dhuwit kang wus dibalekake ana ing jero karungmu biyen iku gawanen mrana maneh, bokmanawa kliru.