Purwaning Dumadi 42:21-28 Kitab Sutji (JAV)

21. Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.”

22. Ruben tumuli mangsuli: “Biyen mula kowe rak wis dakkandhani, aja gawe dosa marang bocah iku, nanging kowe padha ora ngrungokake. Saiki lah iya iki pepulihing getihe.”

23. Anadene kang padha guneman mau ora weruh yen Sang Yusuf iya ngretos, marga nganggo lantaran juru basa.

24. Sang Yusuf banjur nilar para sadhereke, tumuli muwun; sawuse iku banjur wangsul sarta ngandikan maneh karo para sadhereke. Simeon banjur dicekel saka antarane lan dibanda kaweruhan ing sadulure kabeh.

25. Sawuse iku Sang Yusuf banjur dhawuh, bagore padha kaisenana gandum lan dhuwite supaya dibalekake, siji-sijine ing bagore dhewe-dhewe, sarta maneh supaya padha diparingana sangu kanggo mulihe.

26. Gandume tumuli dimotake ing kuldine, banjur padha mangkat saka ing kono.

27. Satekane ing pondhokan, bareng salah siji mbukak bagore arep makani kuldine, nuli weruh duwite ana ing jero bagor tumumpang ing dhuwur gandum.

28. Celathune marang para sadulure: “Dhuwitku dibalekake, delengen, ana ing jero bagorku!” Ing kono kabeh padha entek atine, padha pandeng-pandengan kalawan dheg-dhegan sarta ngucap: “Apa bae kang ditandukake Gusti Allah marang kita iki?”

Purwaning Dumadi 42