Purwaning Dumadi 42:20-34 Kitab Sutji (JAV)

20. Nanging adhimu kang wuragil iku sebakna marang ing ngarepku, supaya kandhamu iku katitika manawa bener lan kowe bakal ora kaukum pati.”

21. Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.”

22. Ruben tumuli mangsuli: “Biyen mula kowe rak wis dakkandhani, aja gawe dosa marang bocah iku, nanging kowe padha ora ngrungokake. Saiki lah iya iki pepulihing getihe.”

23. Anadene kang padha guneman mau ora weruh yen Sang Yusuf iya ngretos, marga nganggo lantaran juru basa.

24. Sang Yusuf banjur nilar para sadhereke, tumuli muwun; sawuse iku banjur wangsul sarta ngandikan maneh karo para sadhereke. Simeon banjur dicekel saka antarane lan dibanda kaweruhan ing sadulure kabeh.

25. Sawuse iku Sang Yusuf banjur dhawuh, bagore padha kaisenana gandum lan dhuwite supaya dibalekake, siji-sijine ing bagore dhewe-dhewe, sarta maneh supaya padha diparingana sangu kanggo mulihe.

26. Gandume tumuli dimotake ing kuldine, banjur padha mangkat saka ing kono.

27. Satekane ing pondhokan, bareng salah siji mbukak bagore arep makani kuldine, nuli weruh duwite ana ing jero bagor tumumpang ing dhuwur gandum.

28. Celathune marang para sadulure: “Dhuwitku dibalekake, delengen, ana ing jero bagorku!” Ing kono kabeh padha entek atine, padha pandeng-pandengan kalawan dheg-dhegan sarta ngucap: “Apa bae kang ditandukake Gusti Allah marang kita iki?”

29. Bareng wis tekan ing Kanaan ing daleme Rama Yakub, kang rama, banjur padha nyaritakake kabeh apa kang wus dialami, ature:

30. Priyantun ageng ingkang nguwaosi nagari ngrika punika, anggenipun ngandikani kula kaliyan nyentak-nyentak, kula sami dipun dakwa badhe nelik nagarinipun.

31. Nanging kula lajeng sami matur: Kula punika tiyang temen, sanes telik,

32. kula sasedherek waunipun sadaya kalih welas sami tunggil bapa, satunggal sampun boten wonten, ingkang satunggal wuragil kantun wonten griyanipun bapa kula ing tanah Kanaan.

33. Priyantunipun ingkang nguwaosi negari ngrika lajeng ngandika malih: Anggonku weruh yen kowe padha won temen iku titikane mangkene: Salah sijine sadulurmu karia kene, liyane muliha karo nggawa gandum kanggo tamba luwene brayatmu.

34. Adhimu kang wuragil gawanen mrene, dadi aku bakal weruh yen kowe padha wong temen, dudu telik, nuli sadulurmu mau bakal dakbalekake maneh marang kowe, lan kowe bakal padha kalilan ndlajahi tanah kene.”

Purwaning Dumadi 42