Purwaning Dumadi 42:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Ora! Tekamu mrene mesthi arep nelik nagara kene iki endi sing ora dijaga.”

13. Ature para sadhereke: “Abdi dalem punika tunggilipun kalih welas jaler sadaya, sami tunggil bapa wonten ing tanah Kanaan, nanging ingkang wuragil sapunika kantun wontening panggenanipun bapa kawula, dene ingkang setunggal sampun boten wonten.”

14. Ing kono Sang Yusuf ngandika maneh: “Wus cukup; kaya kang wus dakkandhakake mau, kowe iku padha telik.

15. Ing bab prakara iki kowe kudu katiti-priksa, demi sugenge Sang Prabu Pringon, kowe mesthi bakal ora bisa padha lunga saka ing kene, yen sadulurmu wuragil iku ora teka mrene.

16. Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, dene liyane kari ana ing kene, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowe pancen temen; dene manawa ora, demi sugenge Sang Prabu Pringon, mesthi kowe iku padha dadi telik.”

17. Para sadhereke Sang Yusuf kabeh padha bebarengan kalebokake ing tahanan telung dina lawase.

18. Bareng telung dinane Sang Yusuf ngandika marang para sadhereke: “Kowe padha nglakonana mangkene, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah.

19. Manawa kowe pancen wont temen, salah sijine panunggalanmu kareben kari ana ing tahanan kene, nanging liyane muliha, nggawaa gandum kanggo tamba luwene brayatmu!

20. Nanging adhimu kang wuragil iku sebakna marang ing ngarepku, supaya kandhamu iku katitika manawa bener lan kowe bakal ora kaukum pati.”

21. Para sadhereke banjur padha rerasanan: “Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kelingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrewes, iya iku nalare kita padha katekan karibedan iki.”

22. Ruben tumuli mangsuli: “Biyen mula kowe rak wis dakkandhani, aja gawe dosa marang bocah iku, nanging kowe padha ora ngrungokake. Saiki lah iya iki pepulihing getihe.”

Purwaning Dumadi 42