46. Sang Yusuf mbeneri yuswa telung puluh taun nalika ngadhep ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon raja ing Mesir mau. Sang Yusuf tumuli mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon tindak ndlajahi satanah Mesir kabeh.
47. Anadene sasuwene pitung taun mangsane murah pangan iku pametune bumi nganti tumpuk undhung,
48. Sang Yusuf banjur nglempakake sarupane pangan sajrone pitung taun kang luber iku, sarta pangan iku disimpen ana ing kutha-kutha; saben kutha dianggo nyimpen pangan pametune wewengkone dhewe-dhewe.
49. Kaya mangkono Sang Yusuf anggone tandho pangan kehe nganti kaya wedhine sagara saka akehe, olehe ngetung nganti mandheg, marga wus ora kena dietung maneh.
50. Sadurunge tekan ing mangsa pailan, Sang Yusuf wus kaparingan putra loro patutan saka Sang Putri Asnat putrane Sang Potifera, imam ing On.
51. Sang Yusuf maringi asma marang putrane kang pembajeng: Manasye, awit pangandikane: “Gusti Allah wus ndadekake aku lali marang sakabehe kasusahanku lan kulawargane bapakku.”